SEARCH

ShareThis

Rabu, 04 Juli 2012

Kopi Luwak vs Kopi Kucing

Slamet mertamu nang omahe Faisol disuguhi kōpi.
Jarene kōpine énak tenan, soalé Faisol ngelem kōpi sing disuguhno.
Slamet akhire nyruput kōpi soale penasaran rasané.

Slamet : Iki kōpi opo thō, kōk
rasané rodo kecut?

Faisol : iku kōpi istimewa, mèh podo karo kōpi luwak sing larang kae.
Slamet : Woo ngono thō, kōpi opo jenengé?

Faisol : kōpi kucing, aku gawé déwé

Slamet : Opo iyo'o kok jenenge kōpi kucing?

Faisol : Soale diolah lewat kucing, kōpi luwak kōpine dipangan luwak ndisik sakdurunge diolah, kōpi kucing iki dipangan kucing sakdurungé diolah dadi kōpi bubuk.
Aku terinspirasi karo kōpi luwak, cuma bèn gampang aku gawe kucing ae.

Slamet : Kucing doyan kōpi to Sol?

Faisol : Sakjane yow oRa, kōpine tak gerus rodo kasar, trus tak campur ikan asin, mari ngono tak pakakno kucing.
Slamet wetengé wis mulai rodo mules, terus piye prosese Sol ??.

Faisol : kopine khan metu bareng tαèk kucing, gerusan kōpiné disaring, dikumbah terus dipépé sampek garing, trs digiling manèh sampek alus.

Lha iki kebetulan awakmu sing pertama nyubak kōpi kucing, ωōng yo durung onok sing tak suguhi kōpi kucing iki, aku déwé arep nyoba kok yo Gak kolu.......
Yo'opo Met, rasané ?

Slamet: Azzu.... :Dª>:O:'(:&ª=)) Azuuuuu tenaaann....kowe Azzuuuuuu .................=D

Iki duduk Kopi Kucing Sol, tapi nek iki yo Taek Kucing jenenge X_X

Humor lain di http://qbomadblack.blogspot.com

Qbo Corporation

Tidak ada komentar:

Posting Komentar